Contoh Berita Bahasa Jawa Terbaru Terlengkap

Bookmark and Share
DPR TINJAU ULANG PROYEK GEDUNG ENGGAL

Rapat Badan Musyawarah Dewan Perwakilan Rakyat kathah interupsi ngengingi pembangunan gedung enggal. Sak perangan fraksi nyuwun rapat konsultasi dipun tinjau maleh ngengingi pembangunan gedung ingkang dipun anggar Rp1,16 triliun.

"wonten interupsi anggaran gedung saking fraksi Gerindra, PAN, PPP, PD, PDIP, lan Golkar ingkang nyuwun dipun anakaken forum penyelesaian," ngendikanipun Wakil Ketua DPR Taufik Kurniawan saksampunipun rapat, Senayan, Jakarta, Kamis 31 Maret 2011.

Miturut Taufik, fraksi-fraksi nyuwun supados enggal-enggal dipun wontenaken rapat konsultasi pimpinan DPR, pimpinan fraksi, lan pimpinan BURT ngengingi gedung DPR..

"kulo minongko ketua ingkang mimpin enggal bade nglajengangakrn rapat konsultasi sakderenge 9 April reses," ngendikanipun .

Ketua Fraksi PPP DPR Hasrul Azwar ngendiko bilih perlu konsultasi maleh kaliyan pimpinan DPR lan pimpinan fraksi. .
ngendikanipun Hasrul Azwar , supados enggal dipun anakaken rapat konsultasi pimpinan, fraksilan Badan Urusan Rumah Tangga. "Pembangunan gedung enggal dipun dirancang maleh ingkang sederhana , dirancang maleh," ujarnya.

Hasrul ngakeni bilih wonten anggotanipun ingkang wonten BURT,inggih puniko Arwani Thomafi. Nanging, penolakan saking masyarakat meniko aspirasi ingkang wajib dipun respons. "Putusan fraksi sanes Arwani," ngendikanipun

mboten perlu ngungkit masalah arto ingkang sampun medal kangge biaya konsultan perencanaan gedung enggal kolo wingi, Marzuki Alie ngendiko anggaran konsultan perencanaan Rp36 miliar lan lan sampun dipun ginaaken sekitar Rp10 miliar. "niku risiko," ngendikanipun Hasrul. 


KIAI SE-JAWA MADURA NYUWUN PEMBUBARAN AHMADIYAH

PASURUAN - Halaqah Majelis Silahturrahmi Pengasuh Pondok Pesantren Indonesia (MSP3I) se-Jawa lan Madura nyuwun dateng pamarentah supados enggal mbubaraken Jemaat Ahmadiyah.

Majelis alim ulama ugi ndawuhaken supados ngendek sedoyo mawon kegiatan lan penyebaran kegiatan Ahmadiyah.

"kangge nyegah kedadosan kekerasan lan njagi keamanan negari, majelis silahturrahmi kyai nyuwun dateng pemerintah mbubaraken Ahmadiyah .pangandikanipun , KH Fachurrozi, Ketua MSP3I Jatim ingkang ugi pengasuh Ponpes An Nur, Bululawang Malang, Jumat (11/2/2011).

Halaqah alim ulama di Ponpes Sidogiri, Kraton Kabupaten Pasuruan, kolo wingi, ugi nyuwun dateng pemerintah supados SKB TigoMenteri No 3 tahun 2008 dados Undang-undang pelarangan ajaran Ahmadiyah. dateng masyarakat, dipun imbau supados mboten gampil dipun provokasi kawontenan puniko terutami masalah sara.

Halaqah poro sesepuh Ponpes niki dipun dugeni 130 ulama lan kyai khos. antawisipun KH Abdullah Faqih (Langitan Tuban), KH Achmad Subadar (Pasuruan/Rais Syuriah PBNU), KH Nawawi Abdul Djalil (Sidogiri, Pasuruan), KH Miftahul Ahyar (Rais Syuriah PWNU Jatim), KH Abdussomad Bukhari (Ketua MUI Jatim), KH Pangadilan Daulay (MSP3I Jakarta), KH Fuad Nurhasan, KH Bachruddin Thayyib (Pasuruan), KH Fachri Abdullah Sachal (Bangkalan).

Serat rekomedasi poro alim ulama niku wau ajeng dipun kintun dumateng Presiden lan DPR/MPR. Poro ulama ugi gadah pangarep-arep supados pamarentah enggal kemawon mbubaraken jemaat ahmadiyah ingkng sampun nyesataken puniko.Ketua MUI Jatim, KH Abdussomad Bukhari ugi mratelaaken , intinipun masalah kolo wau inggih saking ajaran ahmadiyah ingkang sesat lan mboten dipun larang kalian pemerintah.

BANJIR TEKA MANEH

Wis adat saben, tekane mangsa rendheng kang tumiba ing sasi Desember nganti tekan tengah-tengahing April, dibarengi karo pawarta-pawarta kang ana gegayutane karo banyu udan, kayata banjir, angin lesus, lemah longsor, lan liya-liyane. Yen wis ngono, kabeh jinis informasi elektronik apadene medhia cetak kang sumebar ing masarakat, kayata radhio, tivi, internet, koran, lan sapanunggalane dikebaki dening pawarta banjir. Wiwit tangi turu nganti arep mapan turu maneh, pawarta banjir ora ana kendhate ngrenggani acara-acara ing medhia kasebut. Durung suwe ing wiwitaning sasi Januari kepungkur, banjir bandhang wis dumadi ing tlatah Jember Jawa Timur lan Wonosobo. Sawise kuwi ganti-gumanti liya dhaerah keterak banjir.
Kang kalebu banjir gedhe ing wiwitaning taun iki yaiku banjir kang dumadi ing pesisir lor Jawa utawa kondhange disebut pantura Jawa. Banjir kang dumadi ing tlatah iki meh rata saka tlatah kulon kang klebu dhaerah Jawa Barat nganti tekan pesisir sisih wetan kang klebu ing dhaerah Jawa Timur. Semono uga dhaerah pesisir Jawa Tengah, kalebu Semarang mangetan lan mangulon ora keri, melu kebanjiran. Malah miturut kabar saka medhia tivi lan surat kabar, ana tlatah kang keleban nganti suwene seminggu luwih, amarga ora asat-asat lan udan tetep grejih. Durung maneh, longsor lan banjir cilik-cilikan ing saben tlatah utawa kabupaten mesthi ana. Tundhone musibah saka banyu udan wis ora bisa diselaki maneh. Korban manungsa, raja kaya lan raja brana wis ora bisa kaetung maneh.
Saka musibah banjir kasebut yen didelok, saben taune nuduhake ora saya suda nanging suwalike malah saya gedhe lan dhaerah sing kena banjir saya rata. Apa ateges iki sing diarani jaman karusakan (kalabendu)? Nalika jaman saya maju lan akeh wong winasis, suwalike alam saya bubrah lan rusak. Endi sing kudu disalahake, manungsane apa alame?
Mangsa Akeh Butuhe
Ing sasi-sasi kaya ngene iki, ngancik sasi Juni nganti tekan Agustus, wis bisa dibedheg, inflasi luwih dhuwur tinimbang ing sasi-sasi sadurunge. Amarga ing sasi-sasi iki akeh warga masarakat padha ngoyak butuh lan akeh ngetokake wragad. Sing wragad kanggo sekolah, kanggo tuku sandhangan sekolah, tuku buku lan tas sekolah, kanggo plesiran, nganti kabutuhan kanggo mapagake sasi Pasa. Kanthi akehe butuh kang kudu dirampungake, mesthi wae akeh dhuwit kang kudu dicekel kanggo mbayar sakabehing kabutuhan mau. Nalika akeh butuh kang kudu dirampungake, mesthine rega-rega barang terus melu mundhak. Pancen bener, salah sijine conto, rega mlebu sekolahan, saben taune mesthi mundhak luwih saka 10%. Durung kabutuhan liyane, mesthi regane uga melu mundhak, kayata sandhangan, tas, sepatu, buku, lsp.
Akeh wong butuh dhuwit kanggo mbayar sakabehing kabutuhan sekolah. Yen pas ora ana dhuwit, apa kang diduweni bisa wae didol utawa digadhekake. Yen wis ngono papan-papan pagadhean dikebaki dening pawongan sing padha nggadhekake duweke, kayata emas, pit montor, mobil, laptop, lan sapanunggalane. Kang pokok enggal cekel dhuwit kanggo mbayar sekolah. Amarga nglebokake sekolah ing jaman saiki larangane ora jamak, wiwit saka TK nganti tekan Pawiyatan Luhur (Perguruan Tinggi). Kamangka yen mbayar sekolah, utamane dhuwit gedhung apadene sragam lan buku ora kena disemayani, lan kudu dibayar kenceng aliyas kontan.
Semono uga ngancik sasi Pasa utawa Ramadhan, mesthi rega-rega sembako bakal mundhak. Wis otomatis lan wis adat saben, saben taune. Yen rega-rega sembako padha mundhak, ateges anggone ngetokake dhuwit kanggo blanja tansaya akeh. Durung barang-barang lan jasa liyane kang magepokan karo Pasa lan Lebaran (Bada), mesthi ora kalah, kabeh melu mundhak. Mula saka kuwi, ing sasi-sasi iki memper yen diarani mangsa akeh butuh. Yen ora bisa ngendhaleni butuh, bener-bener bisa tombok.

EROPA KENA BARAT SALJU

Wis pirang-pirang dina ana pawarta yen ing sakukupan tlatah Eropa padha kena barat salju kang nggegirisi. Barat salju utawa kerep disebut badai salju kasebut nerak pirang-pirang negara, wiwit saka Rusia, Bulgaria, Bosnia, Rumania, Swis, Slowakia, lan liya-liyane ing kutub lor. Barat salju kasebut nganti bisa ndadekake kali-kali padha dadi es amarga saking anyepe. Hawa ing tengah wengi suhune bisa ngancik -25◦ C, malah bisa luwih cendhek maneh. Mula ora mokal, kanthi adheme hawa kang ora umum kasebut, akeh tinemu wong padha tiwas ing pirang-pirang negara kasebut. Wong sing mati amarga kadhemen, yen digunggung wis luwih saka rong atus wong. Racake sing padha mati yaiku para glandhangan kang pancen ora duwe omah. Dheweke ana sing mati ing ngisor kreteg, omah kothong, ing petamanan, lan liya-liyane.
Udan salju pancen meh saben taun dialami dening negara-negara kutub. Nanging yen barat salju durung mesthi saben taun ana. Kanthi anane barat salju iki, mesthi wae akeh gawe kuwatire warga Eropa. Akeh kegiyatan yang wurung bisa kaleksanan, amarga transportasi padha cures. Montor mabur ora bisa mabur amarga pedhut kang kandel. Bandharane uga dikebaki salju. Yen dibacutake malah bisa dadi cilakane sing padha numpak. Semono uga sepur, bus, lan kapal, padha ora bisa mlaku amarga banyu kali, laut, lan dalane kebak es. Akeh wong padha murungake anggone padha lelungan. Bisane mung padha neng omah sinambi ngangetake awak ben ora katisen.
Ana sing ngandhakake yen sejatine anane barat salju ing dhaerah kutub iki amarga saka owahe iklim. Anane “pemanasan global” dianggep dadi jalarane. Bab kasebut uga dumadi ing tlatah tropis, kaya dene Indonesia lan Brasil. Ing negara-negara tropis, yen awan, panase bisa ngluwihi suhu umume. Yen wis ngono, banjur akeh muncul penyakit-penyakit. Mula, supayane pemanasan global ora tansaya nguwatirake, perlu tumindak saka kabeh negara kanggo nyegah kang luwih parah. Supaya ing negara-negara kutub ora tansaya kereb dumadi barat salju, semono uga ing tlatah tropis, yen awan panase ora panas banget.

Pajeg kanggo Rayahan
Saben warga negara Indonesia “wajib pajak” mesthi mbayar pajeg saben taune. Malah wernane pajeg ora mung siji thok, nanging bisa luwih saka lima. Wiwit saka pajeg “Pajak Bumi dan Bangunan” (PBB), pajeg kendharaan motor, mobil, pajeg hotel, pajeg restoran, pajeg dol-tinuku, pajeg parkir, pajeg pametu utawa “penghasilan”, pajeg warung, lan isih akeh maneh wernane. Bab mbayar pajeg warga negara tumrap negara wis ana wiwit jaman krajan biyen. Mesthine dhuwit pajeg mau, umume kanggo ndandani sarana lan prasarana umum, kayata dalan, kreteg, terminal, sekolahan, rumah sakit, lan sapiturute. Sebageyan pajeg maneh mesthi wae kanggo mbayar pegawene pamarentah, klebu saradhadhu (tentara) lan pulisi. Semono uga nalika isih jaman krajan, sebageyan dhuwit utawa upeti marang panguwasa, dijereng-jereng kanggo para pangreh utawa abdi dalem, wiwit saka bupati, demang, lurah, senapati, sentana dalem, lan liya-liyane.
Ing jaman saiki, mbayar pajeg wis ditangani dening bageyan dhewe karan “Direktorat Jenderal Pajak”. Malah anggone ngoyak-oyak tumrap masarakat supaya tertib mbayar pajeg kanthi ajakan warna-warna, salah sijine kanthi ajakan “Orang Bijak Tertib Pajak”. Mesthi wae kanthi ajakan kasebut supaya warga masarakat tertib mbayar pajeg. Yen bisa narik saakeh-akehe pajeg saka masarakat, ateges anggone mbangun negara lancar. Banjur yen wis kaklumpuk kanggo apa? Pancen sebageyan kanggo ragad mbangun “fasilitas” kang wis katur kaya ing dhuwur. Nanging, sing cetha sebageyan entek kanggo mbayari pegawene sing cacahe nganti yutan.
Mung emane saka dhuwit pajeg kang kaklumpuk akehe nganti atusan triliun kasebut, akeh sing padha kanggo rebutan. Kasarane kanggo korupsi. Meh ing saben kementerian apa wae, malah nganti ing lembaga DPR, DPRD, akeh sing padha ngorupsi dhuwit pajeg. Mula akeh sing padha kecidhuk amarga konangan. Malah dhuwit sing kanggo “program” lan blanja “barang” lan “jasa” uga ora lali dadi sasarane para oknum koruptor. Ora beda ing “Kementerian Pendidikan Nasional”. Akehe dhuwit kanggo “kegiatan” pendhidhikan karepe apik, yaiku kanggo minterake bocah. Nanging cak-cakane, uga akeh sing padha dikorupsi, wiwit saka dana “Biaya Operasional Sekolah” (BOS), dana “Pembangunan Gedung”, nganti dana-dana liyane. Ora beda ing “Kementerian-Kementerian” ing pusat apadene “Dinas-Dinas” ing dhaerah, dhuwit anggarane “program” lan “kegiatan” akeh sing padha dikorup. Kayane, negara Indonesia wis dikuwasani dening para koruptor, kang racake katindakake dening oknum pegawe.

{ 0 komentar... Views All / Send Comment! }

Posting Komentar